Senin, 21 Desember 2015

KRIWILAN DADI GROJOGAN, Denis Hilmawati

KRIWILAN DADI GROJOGAN
Mentas podo gegojegan
amrih ngusir hawa atis
saya suwe sansaya jero
olehe kurang waspada
nganti slenca
horotoyo
saiki gojegan
mundak dadi regejegan
pada tuding - tudingan
mata abang mbranang
lambe ngucap tembung kang
marahi kobong lan umub
mbok pada dilereni
anggone pada angon kanepson
sing menang dadi areng
sing kalah dadi awu
muspra tan guna
paseduluranmu
‪#‎sakarepmu‬
dh.09.12.2015.solo.